WAHYU JATI
Oleh Imam Suyitno
Tumurune kagunan kang mulya/dudu donya brana kang arupa bandha/nanging cahyaning jiwa kang ngadhemake dhadha/bisa rinasa tan bisa winaca/wedharing sabda kang lumuntur saking ngarsapadha
Lumunturing wahyu jati tan kena sinambi/mijiling cahya ing ratri tansah dadi wewadi/ananing wigati sumurubing kudu diupadi/nora kena lumuh seba ing ngarsaning Gusti/lamun kepengin antuk wasesaning gesang mukti
Tetenger mijil kanugrahan adi luhung/sireping kayon tan bisa rinacik ing tembung/kodrat kang kinodrat lerem kadya suwung/sesawangan gamblang tanpa tinutup mega lan mendhung/sekathahing titah seba angarsa kanugrahan agung
Jejering werdi wus pinasthi ing wanci ratri/lubering edipeni tan ana kang bisa nandhingi/sedaya mijil saking welas asihing Gusti/tumraping jalma kang tansah ngupadi urip sejati/manjing jejering ati sajroning rina lan wengi
