Geguritan Karya Imam Suyitno

Langite sepi tansah mikir dawane ratri/sorot lintang katon suntrut kelangan asri/tanpa solah tinilar daya kang murakabi/sedya mijil netepi jejibahan kang pinasthi

Tuna wani mobah mosik laku sejati/kadya lungse lingsem sunar candra dewi/mrambat kalem ngemot abot sanepaning werti/nglerem rasa ngundhuh kawruh pepadhang margi

Keblat papat minangka waton watesing bumi/kelima pancer cinandra solah bawaning pambudi/kridhaning raga tanpa owal sineksenan ardi/tindhihing bantala tanpa nendra rina lan ratri

Mula jalma kudu waspada aja kumawani/uninga sapadha subasitaning urip sejati/kladuk arsa tinilar rasa bisa mbebayani/bisa cilaka lamun kaleksa tanpamawarti