IMG_20150918_092323Karya: Prof. Imam Suyitno

Jalma jati linuwih sugih kebak werdi/tanpa tuna lamun kersa gondhelan ati/raga sarira minangka dadi jangkeping diri/ngandhut wasesa kajibah sabda dadya piranti/ngupadaya wisik wejanging Gusti kang wus pinasthi

Lamun wus wanci pirantining raga bakal tinimbali/dadi seksi ngudhal carita rikala suwargi/sekabehing laksa tansah sinebut sarwa rinci/tanana kang tuna ageng alit sinekseni/nganti puput tanpa luput sekabehing wadi

Jalma lumrah mugya sagah ngawuningani/jejering titah tan kena wegah anemahi/wus sinumpah kersa manembah marang Gusti/ruh kang suci tansah rinamut kanthi wigati/aja polah kepencut nepsu kang mblaheni